KPKL 33 Masmur 116
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Aku tresna mring Allah kang setya
De talingane nilingake aku
Myarsaken pasambat lan pandongaku
Mula sajegku urip dak puji
2
Sun ginubed ing talining pati
Wah tinempuh pagirising antaka
Kang tinemu rerubed lan cintaka
Nging Allah wus karsa angluwari
3
Yehuwah asih mirma lan adil
Allah kita kepareng amelasi
Wah rumeksa mring wong bares ing ati
Anglipur mring para kang prihatin
4
Aku kesrakat lan sinangsara
Nging Allah wus mitulungi mring aku
Puliha lejar maneh dhuh nyawaku
Wit Allah wus nyaeni mring sira
5
Inggih dhuh Allah
Tuwan kang sampun nebus nyawa kula
Saking antaka
Angusapi luh kula saking mata
Wah nguwataken ing lampah ulun
6
Salakuku bakal neng ngarsanya
Yehuwah ing tanahe wong ngaurip
Sun wus kumandel mring kang Mahaluwih
Kang sarta wus anglairken uga
7
Aku mangsuli apa mring Allah
Wit saking sagunging sih kadarmannya?
Dak ngangkat tuwunging pangentasannya
Kambi nyebut asmane Yehuwah
8
Dak ngluwari kaulku mring Allah
Ya samengko neng ngarepe umate
Dhahat Allah dennya ngeman nyawane
Para kekasihe kang ngibadhah
9
Dhuh Allah kawula abdi Tuwan
Inggih saestu abdi kagunganta
Tuwan sampun nguculi rante amba
Mila kawula saosi kurban
10
Dak ngluwari kaulku mring Allah
Ya, samengko neng ngarepe umatnya
Munggwing plataraning padalemannya
Ing satengahira pasamuwan

OK