KPKL 43 Masmur 134
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Lah pra abdine Pangeran
Kang jungkung aneng pamujan
Rina wengi angibadah
Saosa puji mring Allah
2
Tanganira den ulukna
Lan tumengaa mring swarga
Sujuda kanthi anyembah
Saosa puji mring Allah
3
Sira muga sinungana
Sawab berkah saking swarga
Dening Allah kang murbeng rat
Kang pinujia tan kendhat

OK