KPKL 59 Wiyosipun Gusti
1=G 2/4
Versi Version 1
1
Daweg sami suka bingah
Dene kasetyaning Allah
Sampun netepi prajanji
Paring nugraha mring jalmi
2
Saestu kula antuk sih
Ing Allah kang maha-luwih
Saking wlasipun mring kula
Ngantos sinungan kang Putra
3
Rehning tan ngeman kang Putra
Malah sinungken mring kula
Punapa boten maringi
Samukawis kang prayogi?
4
Dalasan bala ing swarga
Memuji angalembana
Kula malih yen botena
Saklangkung suka pirena
5
Sinten ingkang boten girang
Allah narjoni mring tiyang
Prayogi dipun luhurna
Ing para umat sadaya
6
Kula rahayu sayektos
Dene sinungan pawartos
Kang sae : rawuhe Gusti
Kang dados Juru Basuki
7
Malah sampun kapanduman
Sihe Allah kanugrahan
Kang lantaran ingkang Putra
Margi apuntening dosa

OK