KPKL 63 Wiyosipun Gusti
1=Es
Versi Version 1
1
Pra pangon kang winartanan
Gung begja Sing swarga
Yogya kaeraman
Angubar girang ing manah
De nyata wartanya
Kristus sampun babar
2
Ja wedi mring padhang mulya
Kang ndadak ngetingal
Ing tengah dalunya
Nyemoni tedhaking padhang
Sih swarga mring donya
Jer Kristus wus babar
3
Dhuh pra dhuta saking swarga
Kandhanta sung warta
Slamet mring pra jalma
Mara ndherek muji Allah
Wit welas mring jagad
Sang Kristus wus babar
4
Betlekhem gung kadrajatan
Slamanya cinrita
Klayan uluk salam
De misuwur ing sajagad
Ngrinya; neng ngrika
Kristus sampun babar
5
Allah saosana puji
Dhuh nyawa sujuda
Mring Putranya suci
Kang sumare neng makanan
Ya iku Gustimu
Kristus kang wus babar
6
Adhuh Gusti iba ageng
Sih tuwat liniwat
Ngater agung slamet
Winartosna mring sajagad
Slamanya mujaa
Kristus sampun babar

OK