KPKL 67 Cariyosipun Gusti Yesus
1=Es 6/8
Versi Version 1
1
Aku bok caritanana
Bab Gustiku Panutan
Aku bok ya korepekna
Kidunging pangentasan
Aku kepengin angrungu
Wartane bala swarga
Dennya sumyak ngidungake
Rawuhe Sang Pamarta
Dennya sumyak ngidungake
Rawuhe Sang Pamarta
2
Mara critakna Gustiku
Dennya mbetahken lapa
Nahanken godha rencana
Sajege aneng donya
Critakna gunging piwlase
Kang anemah sangsara
Dennya anandheng cintraka
Wit saka dosa kita
Dennya anandheng cintraka
Wit saka dosa kita
3
Mara critakna Gustiku
Dennya pecat nyawane
Marga sangsara sinalib
Nanging mulya wungune
Agung sihpalimirmane
Tan ana kang madani
Mula aku critanana
Ing bab Pamarta mami
4
Besuk Gusti rawuh wangsul
Jumeneng Ratu mulya
Ginarebeg bala swarga
Wrata pinuja-puja
Samana kita sadarum
Apa ya anut muji?
Apa ya nunggal pra mukti
Langgeng andherek Gusti


OK