KPKL 69 Sihipun Gusti Ketawis Saking Anggenipun Nglampahi Sangsara
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Panglipuring tyang prihatos
Klangenan ing tyas kula
Sakathah sumlanging batos
Tuwan nirken sadaya
Sing swarga Tuwan kang mulya
Tuwan tumedhak mriki
Nyaur pundhat utang kula
Tuwan gung kula puji
2
Iba-iba Tuwan mlasi
Bangsa apes lan nista
Sing laknat Tuwan luwari
Margi sangsara seda
Riwe rah lan waspa Tuwan
Neng Getsemane mili
Ngluwar kula sing ukuman
Mbikak margining swargi
3
Tuwan tinuwek ing galih
Dening poyok kang sengak
Bendune Allah kang adil
Tuwan sanggi piyambak
Nggirisi : Tuwan siniya
Wonten ngardi Golgota
Pasrah sinalib sarira
Krana jagad duraka
4
Tuwan dados gesang kula
Amal kula kang adya
Kula sinungan waluya
Amargi Tuwan seda
Gusti Panebus wilasa
Sih Tuwan langkung adi
Tuwan kula kraketana
Klayan sujud lan muji

OK