KPKL 74 Gusti Kasalib
1=F 4/4
Versi Version 1
1
Gusti Yesus sinalib
sinrahken Allah Priyangga
Karsa nyangga
Paukuman myang laknat
Dados lintuning jagad
2
Ingkang putra sinalib
Iba – iba sihe Allah
Tyang kang salah
pinurih selameta
Margi kang putra seda
3
Ingkang putra sinalib
Tan dosa kadosaaken
Ndadosaken kula tyang dosa samya
Slamet angger pracaya
4
Ingkang putra sinalib
Wus sirna saka mulyane
pilarane prih bilur lan pratunya
tan ana wilangannya
5
Gustiku kang sinalib
Pasrah pyambak mring sedane
supayane aku pada slameta
sihe winangsulana
6
Gusti kang sinalib
margi dening durakaku
mangka aku apa oleh kareman
Nemah ing paukuman
7
Panebusku sinalib
aku iki tebusane
kwajibane aku mbuwang piala
margane Gusti seda
8
Panebusku sinalib
apasrah winirang – wirang
Sinakitan de apa wirang mami
ndherek lampahing Gusti
9
Gusti kula sinalib
kula yen winirangaken
margi ngaken
mring Gusti kang sinalib
napa darbe tyas serik
10
Gusti kula sinalib
sanget anggene prihatos
akepatos de kula nunten keguh
lamun manggih pakewuh
11
Gustiku kang sinalib
Aku tansah eling prihe
Sarta sihe
Dimen ja ilang manah
Yen kabotan ing susah
12
Dhuh Gusti kang sinalib
Kang ngentas saking duraka
Lan antaka
Tuwan kang nebus kula
Kula wangsuli tresna
13
Dhuh Pangluwar sinalib
Badan jiwa kula srahken
Tinrimahken
Dhateng ing asta Tuwan
Tuwan ingkang kagungan
14
Dhuh Pangluwar sinalib
Kula yogya ngluhuraken
Mulyakaken
Sih-wlas Tuwan kang suci
Margi lampah utami
15
Dhuh Pangluwar sinalib
Menggah sagunging cintaka
Lan duraka
Tan wonten pangauban
Aliya salib Tuwan
16
Margi Tuwan sinalib
Tumrah panglipur santosa
Mring tyang dosa
Tuwan damel raharja
Tyang dosa kang pracaya

OK