KPKL 86 Tumedakipun Roh Suci
1=G 4/4
Versi Version 1
1
Ngulukno sindhen kaunggulan
Mara padha muji Allah
Roh Suci manjing pasamuwan
Ngedheng tedhake lan berkah
Sentoring angin lidhah latu
Sarta tembung manca warna
Nglairken tuhune Sang Prabu
Ngentunken Rohing prasetyo
2
Bangsa celak tebih nekseni
Yasane Kang Mahaluhur
Golongan samya ngabekteni
Ing drajate Gusti Yesus
Slamet mulya gesange Gusti
Jayane bra tinembangna
De Rohe Allah ingkang suci
Sinungken neng tyase jalma
3
Dhuh Rohe Allah, manah kula
Angsala pangreksa Tuwan
Kinaryaa suci sampurna
Santosa dalem katresnan
Panglipur lan panuntun Tuwan
Mengkua manah kawula
Anucekna ing kalakuan
Dugeng kamulyan ing swarga

OK