KPKL 88 Panyuwun ing Dinten Pentekosta
1=As 3/4
Versi Version 1
1
Dhuh Roh Suci mugi pareng
Anedhaki tyas kula
Dimen atentrem rahayu
Kapenuhan ing tresna
Dhuh Gusti kang setya
Tuwan kang kula ndhelaken
Mugi pareng nedhakaken
Roh Tuwan ing tyas mami
Gusti mugi nucekaken tyas mami
2
Mugi-mugi cahya Tuwan
Amadhangna tyas kula
Pepetenging dosa mugi binirata sadaya
3
Mugi ngirid lampah kula
Manut sapangreh Tuwan
Tuwan kang kula bekteni
Ngantos dhugeng wekasan
4
Kula mugi sinungana
Kaunggulaning yuda
Dimen tentrem arahayu
Nggen kula pecat nyawa
Dhuh Roh Allah Suci
Mugi karsaa dumunung
Anggereh ing manah ulun
Sinucekna sayekti
Gusti mugi nucekaken tyas mami

OK